Menika wonten tembang ingkang mbok menawi saged dados pemut kagem
para tiyang sepuh ingkang boten kagungan wekdal kangge putra-putranipun.
Tembang ingkang prasaja, ananging ngemu suraos ingkang wigatos.
Sumangga dipun-priksani.
La saiki wis wayah jam siji
Wis wayahe weteng diiseni
Bali mulih lawange dikunci
Jendhelane kabeh ditutupi
Piye, piye, piye, mbuh ra weruh
Piye, piye, piye, mbuh ra ngerti
Menyang kantor bapak ora ana
Bali mulih ibu durung teka
Kebangeten awakku cilaka
Mrana-mrene mung tansah tanpa guna
Piye, piye, piye, mbuh ra weruh
Piye, piye, piye, mbuh ra ngerti
Kathah sanget tiyang sepuh ingkang kedah makarya saking enjing dumugi
sonten, kepara dalu. Wekdal kangge pepanggihan kaliyan kulawarga namung
sekedhik, kadhang kala malah boten wonten babar pisan. Nalika tindak
kantor, para putra taksih sami nglinteg. Lah nalika kondur, sampun sami
mapan. Kados pundi badhe saged wicantenan menawi kados mekaten.
Inggih menika awratipun dados tiyang sepuh. Kathah sanget ingkang
kedah dipun-penggalih. Kedah pados pangupajiwa kagem para putra,
ananging ugi kedah kagungan wekdal kangge paring pitedah utawi sesuluh
amrih para putra saged manggih gesang ingkang sae.
Pramila, mbok menawi bapak lan ibu kedah pirembagan kados pundi
supados kalih-kalihipun saged paring kawigatosan dhumateng para putra,
boten namung awujud bandha, ananging wekdal kangge wicantenan kaliyan
para putra.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar