Selasa, 01 Mei 2012

Kawruh Bab Tumpeng

Ing Indhonesia, mligine Jawa, tumpeng pancen akeh banget gunane.  Meh saben upacara mesthi ana tumpeng. Upacara sing asipat bungah ana tumpenge, semono uga upacara sing asipat susah. Tumpeng mono ngemu teges, perlambang, lan pengarep-arep.

Tumpeng awujud tumpukan sega kang digawe kaya gunung. Saya munggah saya lancip. Wujud iki ngemu pengarep-arep supaya uripe awake dhewe saya “munggah” lan saya “dhuwur”. Mula, sanajan ubarampene tumpeng bisa diowahi, wujud tumpeng ora bisa diowahi, tetep lancip kaya gunung.

Wiwitane, werna tumpeng mesthi putih, ananging saiki akeh wong sing gawe tumpeng nganggo werna kuning. Suwe-suwe tumpeng sing wernane kuning kuwi luwih disenengi tinimbang kang wernane putih, mligine ing upacara-upacara kang asipat bungah. Kamangka,  dhek jaman biyen, sega kuning utawa sega punar kuwi ora tau digawe tumpeng.

Tumpeng biasane ditata ing tampah utawa piring kang dilambari godhong gedhang. Ing sakiwa-tengene ana janganan lan lawuh werna-werna. Janganan lan lawuh kuwi ngemu teges werna-werna. Emane, ing jaman saiki janganan lan lawuh kuwi kadhang kala ora pepak. Dene anggone ngolah janganan lan lawuh mau uga manut kesenengane wong kang gawe tumpeng.

Sanajan tumpeng ing jaman saiki wis akeh owah-owahan, ana sawetara lawuh lan janganan kang kudu ana amarga ngemu teges werna-werna.

  • Iwak Pitik
Iwak pitik iki minangka kurban kang dadi wakil kewan iwen. Yen tumpenge putih, iwak pitik iki kudu digawe ingkung, yen tumpeng kuning, apike dibumboni nganggo kunir banjur digoreng.

  • Iwak Loh
Iwak loh mesthi wae minangka wakil kewan banyu. Sajatine kang kudu ana kuwi iwak lele. Iwak lele mono ngemu perlambang andhap asor amarga iwak lele kuwi adate urip ing lendhut kang ana ing ngisor kali. Ananging ing jaman saiki, iwak lele kadhang kala diganti iwak bandeng kanthi pengarep-arep muga-muga rejekine saya akeh prasasat ri iwak bandeng sing cacahe pirang-pirang kuwi.

  • Peyek Teri utawa Gereh Pethek
Kadhang kala kewan banyune awujud peyek teri utawa gereh pethek. Loro-lorone ngemu perlambang karukunan. Iwak teri lan iwak pethek mono uripe mesthi nggrombol.

  • Endhog Pitik
Endhog pitik biasane digodhog lan luwih apik menawa disuguhake wutuh, ora perlu dionceki. Endhog mono ngemu perlambang sabarang karya kudu direncanakake, ditindakake kanthi apik, lan dititi priksa maneh amrih sampurna. Ing jaman saiki wong-wong padha kepengin praktis, dadi endhoge wis dionceki utawa malah kadhang kala wis didadar banjur diiris tipis-tipis.

  • Gudhangan
Gudhangan awujud janganan werna-werna dicampur kambil enom kang wis dibumboni. Janganane bisa awujud apa wae, nanging kang kudu ana yaiku: kangkung, bayem, thokolan, kacang gleyor, lan kluwih. Kangkung mono bisa urip ing banyu lan ing lemah. Semono uga manungsa kudu bisa urip ing kahanan apa wae. Bayem ngemu perlambang urip kang ayem temtrem. Thokolan, sanajan cilik wujude ngemu teges kang dhuwur, perlambang akal kang akeh. Wong kang akeh akale bakal kasil uripe. Kacang gleyor wujude dawa, kudu dimangsak tanpa dirajang, ngemu teges supaya manungsa mikir dawa sadurunge tumindak lan bakal dawa umure. Kluwih biasane digawe lodheh kanthi pengarep-arep supaya rejeki lan kapinterane mesthi luwih.

Tumpeng ing jaman saiki ana werna-werna kayata tumpeng sega punar, tumpeng sega putih, tumpeng sega wuduk utawa tumpeng tasyakuran, tumpeng robyong, lan tumpeng pungkur.

Tumpeng sega punar isine padha karo umume tumpeng, nanging biasane ditambahi bregedel, kering tempe utawa kering kenthang, abon, irisan timun, lan endhog dadar sing diiris tipis-tipis. Tumpeng iki biasane digawe nalika ana upacara lairan, tanggap yuswa, tetakan, lan upacara-upacara liya kang asipat bungah.

Tumpeng sega putih biasane ora nganggo iwak pitik goreng nanging nganggo ingkung. Ubarampe liyane kaya kang kasebut ing ndhuwur mau.  Kadhang kala ditambahi lawuh liya kayata tempe lan tahu bacem.

Tumpeng sega wuduk kerep diarani tumpeng tasyakuran, biasane digawe kanggo upacara Maulid Nabi. Tumpeng iki wernane putih, nanging beda karo tumpeng putih amarga segane gurih lan ubarampene mung awujud ingkung, rambak goreng, rajangan timun, jengkol, kubis mentah, lan dhele ireng. 

Tumpeng robyong biasane diwenehake ing njero wakul banjur dirobyong utawa diubengi maneka warna janganan mentah. Ing pucuke diwenehi endhog wutuh, trasi, brambang, lan lombok. Ing njero wakul uga diwenehi gudhangan, gereh pethek, lan endhog godhog.

Tumpeng pungkur digawe nalika ana upacara nguntapake layon. Isine mung sega putih kang digawe tumpeng, disigar, banjur diselehake ungkur-ungkuran.

Ing pesta lairan, tetakan, utawa tanggap yuswa jaman saiki, tumpeng biasane dikethok pucuke dening wong kang duwe gawe. Kethokan mau banjur diwenehake marang wong kang dianggep tuwa utawa diurmati. Sakwise kuwi, tumpeng banjur dipangan bebarengan minangka perlambang andum rejeki.

Kapethik saha kajarwakaken saking “Sedap Sekejap”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar