Selasa, 01 Mei 2012

Carane Ngilangi Semut

Ngerti ra, piye carane ngilangi semut kanthi cepet? Mesthine nganggo semprotan lemut. Nanging menawa semute ngrubung panganan, apa ya arep disemprot Baygon? Wah … niyat bisa ngracuni wong sing mangan panganan kuwi. Medeni banget ta nek ngono kuwi? Nah, mbok menawa cara ing ngisor iki bisa dicoba.
Jare mbak Ihda Mardliyatun saka Muntilan ana cara sing cepet tur aman kanggo ngusir semut sing ngrubung panganan. Carane ya mung nyebar bubuk panili (vanili) ing sakiwa-tengene panganan kuwi utawa ing papan kang kanggo nyimpen panganan.
Di coba yo …

Tidak ada komentar:

Posting Komentar