Apa bedane tuku lan nuku? Apa ana para maos sing tau menggalih bedane
tembung loro mau? Aku bar ditakoni muridku, yen bisa nganggo tembung
“tuku” apa sebabe ndadak ana tembung “nuku”. Wah … pitakon sing rada
butuh kawigaten. Aku banjur nyoba mbandhingake tembung loro mau. Jebul
pancen ana bedane.
Tembung “tuku” dinggo menawa wasesane umum, dene “nuku” menawa
wasesane wis tartamtu. Mbok menawa conto ing ngisor iki bisa nerangake
bedane.
- “Aku tuku klambi.”
- “Aku nuku klambine kancaku.”
“Klambi” ing ukara nomer siji durung cetha sapa sing duwe, isih umum.
“Klambi” ing ukara nomer loro wis tartamtu, yakuwi “klambi duweke
kancaku”.
Mengkono kira-kira. Ana sing arep paring pamrayoga? Sumangga …
Tidak ada komentar:
Posting Komentar