Rabu, 08 Agustus 2012

Apa Tumon?

Wis sawetara wektu anane surplus beras dadi warta ing ngendi-ngendi. Jarene panen beras ing mangsa iki kasil apik, kepara turah-turah. Akeh slenthingan sing ngandhakake menawa pemerintah duwe ancas kepengin adol beras ing manca negara alias ekspor. Mesthi wae para spekulan wis wiwit “ngimbu” beras, supaya mengko yen rega beras mundhak, dheweke kabeh bisa entuk bathi akeh.

Nah, sing tak-gumuni ya pemerintah kuwi. Kok bisa-bisane arep adol beras nyang manca negara? Sajak kaya spekulan wae. Nalika beras ing manca negara rada mundhak regane, reka-reka arep adol, kareben bathine akeh. Ananging apa pemerintah ya ngerti menawa ing negara iki isih akeh wong-wong sing ora bisa mangan? Apa pemerintah ngerti menawa isih ana wong sing mung bisa tuku sega aking. Edan ta?

Sega aking mono wangune ya mung kanggo pakan pitik apa kewan iwen liyane. Kepara, pitik wae terkadhang ora doyan. La piye? Sega aking kuwi sega turahan sing dipepe nganti garing tur kadhang kala yen sedina ora garing mesthi njamur. Apa awake dhewe tegel mangan barang sing wis njamur? Tak-kira, yen wong-wong kuwi ditari ya mesthi wae ora gelem mangan barang kaya ngono kuwi. Ananging piye maneh? Ora ana pilihan liya kejaba kuwi. Bisane ya mung tuku sega aking sing regane Rp 1.000,00 nganti Rp 1.500,00 sekilo. Yen ora gelem, ya bakal kaliren.

Menawa mrangguli kahanan kang kaya ngene iki, apa tumon pemerintah isih tetep kepengin adol beras menyang manca negara?

Ruwatan

Wiwit jaman kina, tiyang-tiyang Jawi sampun mangertosi menapa ingkang dipun-wastani ruwatan. Ing buku-buku ingkang taksih mawi basa Jawi Kina cariyos ruwatan menika kathah sanget. Saking cariyos-cariyos menika saged dipun-tingali bilih sadaya ingkang dipun-ruwat inggih menika sinten kemawon ingkang gesangipun sangsara, kebak dosa, nistha, lan sanes-sanesipun. Tiyang-tiyang wau kedah dipun-mardikakaken saking sadaya kasangsaran wau. Miturut cariyos-cariyos menika, ingkang saged paring kamardikan dhumateng tiyang-tiyang wau inggih menika dewa utawi manungsa titisaning dewa.
Tembung ruwatan menika asalipun saking tembung ruwat, pikantuk panambang -an. Ruwat ateges 'mardika', 'bebas', 'luwar'. Ngruwat ateges 'mardikakaken', utawi 'ngluwari'. Dene ruwatan ateges 'satunggaling upacara kangge mardikakaken tiyang-tiyang ingkang nandhang sangsara utawi ngluwari tiyang-tiyang menika saking kasangsaraning ngagesang.
Ing jaman Jawi Enggal tiyang-tiyang ingkang kedah dipun-ruwat inggih menika tiyang-tiyang ingkang dados dhaharanipun Bathara Kala. Tiyang-tiyang wau sinebat tiyang-tiyang sukerta. Ingkang kalebet tiyang sukerta inggih menika:
  1. tiyang ingkang ciri utawi cacat kodrati utawi cacat amargi kalairanipun;
  2. tiyang ingkang kenging alangan, upaminipun nugelaken gandhik lan ngambrukaken dandang nalika mangsak sekul.
 Tiyang ingkang ciri utawi cacat amargi kalairanipun inggih menika:
  1. Ontang-anting (lare namung satunggal, jaler).
  2. Anting-unting (lare namung satunggal, estri).
  3. Uger-uger lawang (lare kalih, jaler sadaya).
  4. Kembang sapasang (lare kalih, estri sadaya).
  5. Gedhana-gedhini (lare kalih, jaler estri, ingkang sepuh ingkang jaler).
  6. Gedhini-gedhana (lare kalih, jaler estri, ingkang sepuh ingkang estri).
  7. Pancuran kapit sendhang (lare tiga, jaler estri, ingkang tengah jaler).
  8. Sendhang kapit pancuran (lare tiga, jaler estri, ingkang tengah estri).
  9. Pendhawa (lare gangsal, jaler sadaya).
  10. Pendhawa ngayomi (lare gangsal, estri sadaya).
  11. Pendhawa madhangake (lare gangsal, jaler sekawan, estri satunggal).
  12. Pendhawa apil-apil (lare gangsal, estri sekawan, jaler satunggal).
Taksih wonten sawatawis tiyang ingkang kalebet sukerta, namung ingkang perlu sanget dipun-gatosaken inggih 12 menika.
Ruwatan ing jaman samenika dipun-tindakaken kanthi nanggap ringgit wacucal. Lakon ingkang dipun-angge namung satunggal, inggih menika "Murwakala", cariyos bab Bathara Kala. Tembung murwa menika saking tembung purwa utawi purba ingkang ateges 'nguwaosi', dene kala ateges 'wekdal' utawi 'mangsa'. Dados murwakala ateges 'nguwaosi wekdal'.

Kapethik saha kajarwakaken saking: "Ruwatan Murwakala, Suatu Pedoman".

Garebeg

Garebeg utawa Grebeg kuwi padatan ing Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat minangka Hajad Dalem Sri Sultan marang rakyate. Ing Kraton Ngayogyakarta ana telung werna, yaiku Garebeg Mulud, Garebeg Sawal, lan Garebeg Besar.
Wektu kuwi kraton yasa gunungan cacahe lima, yaiku gunungan lanang, gunungan wadon, gunungan dharat, gunungan gepak, lan gunungan pawuhan. Gunungan-gunungan kuwi isine werna-werna, antarane endhog bebek, kacang gleyor, lombok abang, lan rengginan.
            Sanajan upacara Garebeg iki umure wis atusan taun, wong-wong ing Ngayogyakarta ora tau jeleh. Saben taun wong-wong padha melu upacara kuwi kanthi bungah. Wong-wong pracaya menawa isi gunungan kuwi bisa dadi berkah. Mula, sakwise gunungan diarak tekan Masjid Gedhe, wong-wong padha ngalap berkah kanthi ngrayah isining gunungan.

Sekaten

Nabi Muhammad S.A.W. miyos tanggal 12 sasi Mulud. Ing Ngayogyakarta miyose Kangjeng Nabi iki dipengeti kanthi upacara Garebeg Mulud.
Sekaten minangka upacara wiwitan kanggo mengeti Wiyosan Dalem Kangjeng Nabi. Adate upacara iki ditindakake saka tanggal 5 nganti tanggal 11 sasi Mulud. Pungkasane tanggal 12, ditutup kanthi Upacara Garebeg Mulud.
            Dhek jaman biyen, wiwitane agama Islam sumebar ing Tanah Jawa, salah sawijining Wali, yaiku Sunan Kalijaga, nggunakake gamelan minangka sarana kanggo narik kawigatene wong-wong supaya nglumpuk ing sawijining papan. Kanthi mengkono Kangjeng Sunan bisa paring sesorah bab agama Islam marang wong-wong kang durung ngrasuk agama Islam. Kangjeng Sunan nggunakake gamelan rong perangkat. Dening Kangjeng Sunan gamelan-gamelan kuwi diparingi asma Kyai Nagawilaga lan Kyai Guntur Madu. Wektu kuwi, wong-wong sing padha kepengin ngrasuk agama Islam, wajib ngucapake “sahadat kalimah loro” kang asale saka basa Arab “syahadatain”. Tembung “syahadatain” mau saya suwe saya owah pocapane, dadi “syakatain”. Pungkasane tembung mau dadi “sekaten” kang nganti saiki isih digunakake.
            Ing Ngayogyakarta, kira-kira sesasi sadurunge upacara Sekaten diwiwiti, Pemerintah Daerah Kotamadya nganakake pasar malem ing Alun-alun Lor. Upacara Sekaten diwiwiti tanggal 5 sasi Mulud kanthi ngusung rong perangkat gamelan, yaiku Kyai Nagawilaga lan Kyai Guntur Madu, saka Bangsal Srimanganti menyang Bangsal Pancaniti ing Kemandungan. Saka jam 16.00 nganti kira-kira jam 23.00, gamelan ditabuh lan Sri Sultan nyebar udhik-udhik. Sakwise kuwi, gamelan diusung menyang Pagongan ing Masjid Gedhe, kairing para abdi dalem sarta para prajurit kraton. Gamelan dipapanake ing Pagongan nganti tanggal 11. Ing tanggal 11 kuwi, Sri Sultan lan pengiringe tindak Pagongan saperlu midhangetake sujarahe Wiyosan Dalem Kangjeng Nabi Muhammad S.A.W. lan nyebar udhik-udhik maneh. Sakwise rampung, gamelan diusung maneh menyang kraton.
            Umume wong-wong ing Ngayogyakarta lan sakiwa-tengene pracaya yen bakal entuk ganjaran lan bakal awet enom menawa melu ngramekake upacara Sekaten. Sranane, wong-wong kuwi kudu nginang sambi ngrungokake gamelan ing ngarep Bangsal Pancaniti utawa ing Pangongan, mligine ing tanggal 5 sasi Mulud, dina kapisan upacara Sekaten. Mula, wektu kuwi akeh wong bakul suruh saubarampene ing Kemandungan, Alun-alun Lor, lan ing ngarep Masjid Gedhe. Wektu kuwi uga, para tani bisa nenuwun marang Gusti Allah supaya panene kasil. Kanggo ngatonake tekade anggone nenuwun mau, para tani tuku pecut kang bakal digawa bali lan disinggahake ing ngomahe.