Wis
sawetara wektu anane surplus beras dadi warta ing ngendi-ngendi. Jarene
panen beras ing mangsa iki kasil apik, kepara turah-turah. Akeh
slenthingan sing ngandhakake menawa pemerintah duwe ancas kepengin adol
beras ing manca negara alias ekspor. Mesthi wae para spekulan wis wiwit
“ngimbu” beras, supaya mengko yen rega beras mundhak, dheweke kabeh bisa
entuk bathi akeh.
Nah,
sing tak-gumuni ya pemerintah kuwi. Kok bisa-bisane arep adol beras
nyang manca negara? Sajak kaya spekulan wae. Nalika beras ing manca
negara rada mundhak regane, reka-reka arep adol, kareben bathine akeh.
Ananging apa pemerintah ya ngerti menawa ing negara iki isih akeh
wong-wong sing ora bisa mangan? Apa pemerintah ngerti menawa isih ana
wong sing mung bisa tuku sega aking. Edan ta?
Sega
aking mono wangune ya mung kanggo pakan pitik apa kewan iwen liyane.
Kepara, pitik wae terkadhang ora doyan. La piye? Sega aking kuwi sega
turahan sing dipepe nganti garing tur kadhang kala yen sedina ora garing
mesthi njamur. Apa awake dhewe tegel mangan barang sing wis njamur?
Tak-kira, yen wong-wong kuwi ditari ya mesthi wae ora gelem mangan
barang kaya ngono kuwi. Ananging piye maneh? Ora ana pilihan liya kejaba
kuwi. Bisane ya mung tuku sega aking sing regane Rp 1.000,00 nganti Rp
1.500,00 sekilo. Yen ora gelem, ya bakal kaliren.
Menawa mrangguli kahanan kang kaya ngene iki, apa tumon pemerintah isih tetep kepengin adol beras menyang manca negara?
Tidak ada komentar:
Posting Komentar