Nabi
Muhammad S.A.W. miyos tanggal 12 sasi Mulud. Ing Ngayogyakarta miyose
Kangjeng Nabi iki dipengeti kanthi upacara Garebeg Mulud.
Sekaten
minangka upacara wiwitan kanggo mengeti Wiyosan Dalem Kangjeng Nabi.
Adate upacara iki ditindakake saka tanggal 5 nganti tanggal 11 sasi
Mulud. Pungkasane tanggal 12, ditutup kanthi Upacara Garebeg Mulud.
Dhek
jaman biyen, wiwitane agama Islam sumebar ing Tanah Jawa, salah
sawijining Wali, yaiku Sunan Kalijaga, nggunakake gamelan minangka
sarana kanggo narik kawigatene wong-wong supaya nglumpuk ing sawijining
papan. Kanthi mengkono Kangjeng Sunan bisa paring sesorah bab agama
Islam marang wong-wong kang durung ngrasuk agama Islam. Kangjeng Sunan
nggunakake gamelan rong perangkat. Dening Kangjeng Sunan gamelan-gamelan
kuwi diparingi asma Kyai Nagawilaga lan Kyai Guntur Madu. Wektu kuwi,
wong-wong sing padha kepengin ngrasuk agama Islam, wajib ngucapake
“sahadat kalimah loro” kang asale saka basa Arab “syahadatain”. Tembung
“syahadatain” mau saya suwe saya owah pocapane, dadi “syakatain”.
Pungkasane tembung mau dadi “sekaten” kang nganti saiki isih digunakake.
Ing
Ngayogyakarta, kira-kira sesasi sadurunge upacara Sekaten diwiwiti,
Pemerintah Daerah Kotamadya nganakake pasar malem ing Alun-alun Lor.
Upacara Sekaten diwiwiti tanggal 5 sasi Mulud kanthi ngusung rong
perangkat gamelan, yaiku Kyai Nagawilaga lan Kyai Guntur Madu, saka
Bangsal Srimanganti menyang Bangsal Pancaniti ing Kemandungan. Saka jam
16.00 nganti kira-kira jam 23.00, gamelan ditabuh lan Sri Sultan nyebar
udhik-udhik. Sakwise kuwi, gamelan diusung menyang Pagongan ing Masjid
Gedhe, kairing para abdi dalem sarta para prajurit kraton. Gamelan
dipapanake ing Pagongan nganti tanggal 11. Ing tanggal 11 kuwi, Sri
Sultan lan pengiringe tindak Pagongan saperlu midhangetake sujarahe
Wiyosan Dalem Kangjeng Nabi Muhammad S.A.W. lan nyebar udhik-udhik
maneh. Sakwise rampung, gamelan diusung maneh menyang kraton.
Umume
wong-wong ing Ngayogyakarta lan sakiwa-tengene pracaya yen bakal entuk
ganjaran lan bakal awet enom menawa melu ngramekake upacara Sekaten.
Sranane, wong-wong kuwi kudu nginang sambi ngrungokake gamelan ing
ngarep Bangsal Pancaniti utawa ing Pangongan, mligine ing tanggal 5 sasi
Mulud, dina kapisan upacara Sekaten. Mula, wektu kuwi akeh wong bakul
suruh saubarampene ing Kemandungan, Alun-alun Lor, lan ing ngarep Masjid
Gedhe. Wektu kuwi uga, para tani bisa nenuwun marang Gusti Allah supaya
panene kasil. Kanggo ngatonake tekade anggone nenuwun mau, para tani
tuku pecut kang bakal digawa bali lan disinggahake ing ngomahe.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar