Menika wonten tembang ingkang mbok menawi saged dados pemut kagem
para tiyang sepuh ingkang boten kagungan wekdal kangge putra-putranipun.
Tembang ingkang prasaja, ananging ngemu suraos ingkang wigatos.
Sumangga dipun-priksani.
La saiki wis wayah jam siji
Wis wayahe weteng diiseni
Bali mulih lawange dikunci
Jendhelane kabeh ditutupi
Piye, piye, piye, mbuh ra weruh
Piye, piye, piye, mbuh ra ngerti
Menyang kantor bapak ora ana
Bali mulih ibu durung teka
Kebangeten awakku cilaka
Mrana-mrene mung tansah tanpa guna
Piye, piye, piye, mbuh ra weruh
Piye, piye, piye, mbuh ra ngerti
Kathah sanget tiyang sepuh ingkang kedah makarya saking enjing dumugi
sonten, kepara dalu. Wekdal kangge pepanggihan kaliyan kulawarga namung
sekedhik, kadhang kala malah boten wonten babar pisan. Nalika tindak
kantor, para putra taksih sami nglinteg. Lah nalika kondur, sampun sami
mapan. Kados pundi badhe saged wicantenan menawi kados mekaten.
Inggih menika awratipun dados tiyang sepuh. Kathah sanget ingkang
kedah dipun-penggalih. Kedah pados pangupajiwa kagem para putra,
ananging ugi kedah kagungan wekdal kangge paring pitedah utawi sesuluh
amrih para putra saged manggih gesang ingkang sae.
Pramila, mbok menawi bapak lan ibu kedah pirembagan kados pundi
supados kalih-kalihipun saged paring kawigatosan dhumateng para putra,
boten namung awujud bandha, ananging wekdal kangge wicantenan kaliyan
para putra.
Selasa, 01 Mei 2012
Carane Ngilangi Semut
Ngerti ra, piye carane ngilangi semut kanthi cepet? Mesthine nganggo
semprotan lemut. Nanging menawa semute ngrubung panganan, apa ya arep
disemprot Baygon? Wah … niyat bisa ngracuni wong sing mangan panganan
kuwi. Medeni banget ta nek ngono kuwi? Nah, mbok menawa cara ing ngisor
iki bisa dicoba.
Jare mbak Ihda Mardliyatun saka Muntilan ana cara sing cepet tur aman kanggo ngusir semut sing ngrubung panganan. Carane ya mung nyebar bubuk panili (vanili) ing sakiwa-tengene panganan kuwi utawa ing papan kang kanggo nyimpen panganan.
Di coba yo …
Jare mbak Ihda Mardliyatun saka Muntilan ana cara sing cepet tur aman kanggo ngusir semut sing ngrubung panganan. Carane ya mung nyebar bubuk panili (vanili) ing sakiwa-tengene panganan kuwi utawa ing papan kang kanggo nyimpen panganan.
Di coba yo …
Kawruh Bab Tumpeng
Ing Indhonesia, mligine Jawa,
tumpeng pancen akeh banget gunane. Meh saben upacara mesthi ana tumpeng.
Upacara sing asipat bungah ana tumpenge, semono uga upacara sing asipat susah.
Tumpeng mono ngemu teges, perlambang, lan pengarep-arep.
Tumpeng awujud tumpukan sega kang
digawe kaya gunung. Saya munggah saya lancip. Wujud iki ngemu pengarep-arep
supaya uripe awake dhewe saya “munggah” lan saya “dhuwur”. Mula, sanajan
ubarampene tumpeng bisa diowahi, wujud tumpeng ora bisa diowahi, tetep lancip kaya
gunung.
Wiwitane, werna tumpeng mesthi
putih, ananging saiki akeh wong sing gawe tumpeng nganggo werna kuning.
Suwe-suwe tumpeng sing wernane kuning kuwi luwih disenengi tinimbang kang
wernane putih, mligine ing upacara-upacara kang asipat bungah. Kamangka,
dhek jaman biyen, sega kuning utawa sega punar kuwi ora tau digawe tumpeng.
Tumpeng biasane ditata ing tampah utawa piring kang dilambari godhong
gedhang. Ing sakiwa-tengene ana janganan lan lawuh werna-werna. Janganan lan
lawuh kuwi ngemu teges werna-werna. Emane, ing jaman saiki janganan lan lawuh
kuwi kadhang kala ora pepak. Dene anggone ngolah janganan lan lawuh mau uga
manut kesenengane wong kang gawe tumpeng.
Sanajan tumpeng ing jaman saiki wis akeh owah-owahan, ana sawetara lawuh
lan janganan kang kudu ana amarga ngemu teges werna-werna.
- Iwak Pitik
Iwak pitik iki minangka kurban kang dadi wakil
kewan iwen. Yen tumpenge putih, iwak pitik iki kudu digawe ingkung, yen tumpeng
kuning, apike dibumboni nganggo kunir banjur digoreng.
- Iwak Loh
Iwak loh mesthi
wae minangka wakil kewan banyu. Sajatine kang kudu ana kuwi iwak lele. Iwak lele mono ngemu perlambang andhap
asor amarga iwak lele kuwi adate urip ing lendhut kang ana ing ngisor kali. Ananging
ing jaman saiki, iwak lele kadhang kala diganti iwak bandeng kanthi
pengarep-arep muga-muga rejekine saya akeh prasasat ri iwak bandeng sing cacahe
pirang-pirang kuwi.
- Peyek Teri utawa Gereh Pethek
Kadhang kala
kewan banyune awujud peyek teri utawa gereh pethek. Loro-lorone ngemu
perlambang karukunan. Iwak teri lan iwak pethek mono uripe mesthi nggrombol.
- Endhog Pitik
Endhog pitik
biasane digodhog lan luwih apik menawa disuguhake wutuh, ora perlu dionceki.
Endhog mono ngemu perlambang sabarang karya kudu direncanakake, ditindakake
kanthi apik, lan dititi priksa maneh amrih sampurna. Ing jaman saiki wong-wong
padha kepengin praktis, dadi endhoge wis
dionceki utawa malah kadhang kala wis
didadar banjur diiris tipis-tipis.
- Gudhangan
Gudhangan awujud janganan werna-werna dicampur
kambil enom kang wis dibumboni. Janganane bisa awujud apa wae, nanging kang
kudu ana yaiku: kangkung, bayem, thokolan, kacang gleyor, lan kluwih. Kangkung
mono bisa urip ing banyu lan ing lemah. Semono uga manungsa kudu bisa urip ing
kahanan apa wae. Bayem ngemu perlambang urip kang ayem temtrem. Thokolan,
sanajan cilik wujude ngemu teges kang dhuwur, perlambang akal kang akeh. Wong
kang akeh akale bakal kasil uripe. Kacang gleyor wujude dawa, kudu dimangsak
tanpa dirajang, ngemu teges supaya manungsa mikir dawa sadurunge tumindak lan
bakal dawa umure. Kluwih biasane digawe lodheh kanthi pengarep-arep supaya
rejeki lan kapinterane mesthi luwih.
Tumpeng ing jaman saiki ana
werna-werna kayata tumpeng sega punar, tumpeng sega putih, tumpeng sega wuduk
utawa tumpeng tasyakuran, tumpeng robyong, lan tumpeng pungkur.
Tumpeng sega punar isine padha
karo umume tumpeng, nanging biasane ditambahi bregedel, kering tempe utawa kering kenthang, abon, irisan
timun, lan endhog dadar sing diiris tipis-tipis. Tumpeng iki biasane digawe
nalika ana upacara lairan, tanggap yuswa, tetakan, lan upacara-upacara liya
kang asipat bungah.
Tumpeng sega putih biasane ora
nganggo iwak pitik goreng nanging nganggo ingkung. Ubarampe liyane kaya kang
kasebut ing ndhuwur mau. Kadhang kala ditambahi lawuh liya kayata tempe lan tahu bacem.
Tumpeng sega wuduk kerep diarani
tumpeng tasyakuran, biasane digawe kanggo upacara Maulid Nabi. Tumpeng iki
wernane putih, nanging beda karo tumpeng putih amarga segane gurih lan
ubarampene mung awujud ingkung, rambak goreng, rajangan timun, jengkol, kubis
mentah, lan dhele ireng.
Tumpeng robyong biasane diwenehake ing njero wakul banjur dirobyong utawa diubengi maneka warna janganan mentah. Ing pucuke diwenehi endhog wutuh, trasi, brambang, lan lombok. Ing njero wakul uga diwenehi gudhangan, gereh pethek, lan endhog godhog.
Tumpeng pungkur digawe nalika ana upacara nguntapake layon. Isine mung sega putih kang digawe tumpeng, disigar, banjur diselehake ungkur-ungkuran.
Ing pesta lairan, tetakan, utawa tanggap yuswa jaman saiki, tumpeng biasane dikethok pucuke dening wong kang duwe gawe. Kethokan mau banjur diwenehake marang wong kang dianggep tuwa utawa diurmati. Sakwise kuwi, tumpeng banjur dipangan bebarengan minangka perlambang andum rejeki.
Kapethik saha kajarwakaken saking “Sedap Sekejap”
Tumpeng robyong biasane diwenehake ing njero wakul banjur dirobyong utawa diubengi maneka warna janganan mentah. Ing pucuke diwenehi endhog wutuh, trasi, brambang, lan lombok. Ing njero wakul uga diwenehi gudhangan, gereh pethek, lan endhog godhog.
Tumpeng pungkur digawe nalika ana upacara nguntapake layon. Isine mung sega putih kang digawe tumpeng, disigar, banjur diselehake ungkur-ungkuran.
Ing pesta lairan, tetakan, utawa tanggap yuswa jaman saiki, tumpeng biasane dikethok pucuke dening wong kang duwe gawe. Kethokan mau banjur diwenehake marang wong kang dianggep tuwa utawa diurmati. Sakwise kuwi, tumpeng banjur dipangan bebarengan minangka perlambang andum rejeki.
Kapethik saha kajarwakaken saking “Sedap Sekejap”
Tuku versus Nuku
Apa bedane tuku lan nuku? Apa ana para maos sing tau menggalih bedane
tembung loro mau? Aku bar ditakoni muridku, yen bisa nganggo tembung
“tuku” apa sebabe ndadak ana tembung “nuku”. Wah … pitakon sing rada
butuh kawigaten. Aku banjur nyoba mbandhingake tembung loro mau. Jebul
pancen ana bedane.
Tembung “tuku” dinggo menawa wasesane umum, dene “nuku” menawa wasesane wis tartamtu. Mbok menawa conto ing ngisor iki bisa nerangake bedane.
Mengkono kira-kira. Ana sing arep paring pamrayoga? Sumangga …
Tembung “tuku” dinggo menawa wasesane umum, dene “nuku” menawa wasesane wis tartamtu. Mbok menawa conto ing ngisor iki bisa nerangake bedane.
- “Aku tuku klambi.”
- “Aku nuku klambine kancaku.”
Mengkono kira-kira. Ana sing arep paring pamrayoga? Sumangga …
Langganan:
Postingan (Atom)