Wiwit
jaman kina, tiyang-tiyang Jawi sampun mangertosi menapa ingkang
dipun-wastani ruwatan. Ing buku-buku ingkang taksih mawi basa Jawi Kina
cariyos ruwatan menika kathah sanget. Saking cariyos-cariyos menika
saged dipun-tingali bilih sadaya ingkang dipun-ruwat inggih menika
sinten kemawon ingkang gesangipun sangsara, kebak dosa, nistha, lan
sanes-sanesipun. Tiyang-tiyang wau kedah dipun-mardikakaken saking
sadaya kasangsaran wau. Miturut cariyos-cariyos menika, ingkang saged
paring kamardikan dhumateng tiyang-tiyang wau inggih menika dewa utawi
manungsa titisaning dewa.
Tembung ruwatan menika asalipun saking tembung ruwat, pikantuk panambang -an. Ruwat ateges 'mardika', 'bebas', 'luwar'. Ngruwat ateges 'mardikakaken', utawi 'ngluwari'. Dene ruwatan
ateges 'satunggaling upacara kangge mardikakaken tiyang-tiyang ingkang
nandhang sangsara utawi ngluwari tiyang-tiyang menika saking
kasangsaraning ngagesang.
Ing
jaman Jawi Enggal tiyang-tiyang ingkang kedah dipun-ruwat inggih menika
tiyang-tiyang ingkang dados dhaharanipun Bathara Kala. Tiyang-tiyang
wau sinebat tiyang-tiyang sukerta. Ingkang kalebet tiyang sukerta inggih menika:
- tiyang ingkang ciri utawi cacat kodrati utawi cacat amargi kalairanipun;
- tiyang ingkang kenging alangan, upaminipun nugelaken gandhik lan ngambrukaken dandang nalika mangsak sekul.
Tiyang ingkang ciri utawi cacat amargi kalairanipun inggih menika:
- Ontang-anting (lare namung satunggal, jaler).
- Anting-unting (lare namung satunggal, estri).
- Uger-uger lawang (lare kalih, jaler sadaya).
- Kembang sapasang (lare kalih, estri sadaya).
- Gedhana-gedhini (lare kalih, jaler estri, ingkang sepuh ingkang jaler).
- Gedhini-gedhana (lare kalih, jaler estri, ingkang sepuh ingkang estri).
- Pancuran kapit sendhang (lare tiga, jaler estri, ingkang tengah jaler).
- Sendhang kapit pancuran (lare tiga, jaler estri, ingkang tengah estri).
- Pendhawa (lare gangsal, jaler sadaya).
- Pendhawa ngayomi (lare gangsal, estri sadaya).
- Pendhawa madhangake (lare gangsal, jaler sekawan, estri satunggal).
- Pendhawa apil-apil (lare gangsal, estri sekawan, jaler satunggal).
Taksih wonten sawatawis tiyang ingkang kalebet sukerta, namung ingkang perlu sanget dipun-gatosaken inggih 12 menika.
Ruwatan
ing jaman samenika dipun-tindakaken kanthi nanggap ringgit wacucal.
Lakon ingkang dipun-angge namung satunggal, inggih menika "Murwakala",
cariyos bab Bathara Kala. Tembung murwa menika saking tembung purwa utawi purba ingkang ateges 'nguwaosi', dene kala ateges 'wekdal' utawi 'mangsa'. Dados murwakala ateges 'nguwaosi wekdal'.
Kapethik saha kajarwakaken saking: "Ruwatan Murwakala, Suatu Pedoman".
Tidak ada komentar:
Posting Komentar